Detail Aduan

Lihat detail lengkap aduan LGWP73547901

Rincian Aduan

LGWP73547901

Verifikasi Public
KABUPATEN PEKALONGAN
14 Jun 2021
0 ditandai
Pak kulo ajeng daftar SMA online ribet sanget pak . Kulo pas ngecek data alamat domisili bener , tapi wau pas pengajuan akun domosili ne salah pak , wau ngantos kulo ing Kecamatan mundut KK lama sebagai syarat pendaftaran tapi mboten angsal kalean pihak kecamatan , ( syarat masuk SmA 1 wiradesa Kk minimal terbit satu tahun sebelum pendaftaran ) wau pas ajeng pengajuan akun domisili ne kulo salah kalian kulo niki ( kekuarga ne ) terdaftar sebagai penerima DTKS tapi menawi ajeng daftar kedah gadah Kartu DTKS niku mundutipun ing Kecamatan Kajen sedangkan griya ne kulo Wiradesa .......... , Kulo bingung saestu pak sampun domisisli ne salah ( padahal griyane kulo caket kalean SmAN1Wiradesa , dados e tebihbe sanget ) pas pengajuan akun , terus kedah ngangge KK lama ( mundut ing kecamatan mboten amgsal dadose ngangge fotokopyan Kk lama ) , kangge verivikasi , jare mbak print print an ( kulo kan ajuan akun e ing Tmpt print 2 an ) kedah mundut kartu Dtks ing kecamatan kajen kulo frustasi pak ???????????????????????????????????? kulo sedih saestu pak . Badhe ndaftar SmA kok angel temen astaghfirullah , ya Allah kulo ngetik pesan niki ngantos nangis niki pak , ajeng sekolah be angel temen pak kulo tasek pengen sekolah pak kulo pingin ngerubah hidup e kulo lan tiyang sepuhe kulo , kulo lare satu satunya pingin mbahagiake tiangsepuhe kulo ( pendidikan cara merubah hidup seseorang menjadi lebih baik ( pelajarn ips kelas 8 )

Disposisi

Senin, 14 Juni 2021 - 12:02 WIB

Admin Gubernuran

Laporan telah diteruskan ke DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

Verifikasi

Senin, 14 Juni 2021 - 17:04 WIB

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

Maturnuwun laporanipun,
Sabar nggih, ampun frustasi, monggo panjenengan pinarak wonten SMA/SMK Negeri terdekat supados angsal informasi ingkang leres lan sae. Tetap patuhi protokol kesehatan. call center PPDB prov. Jateng
024-86041265