Detail Aduan

Lihat detail lengkap aduan LGWA87986608

Rincian Aduan

LGWA87986608

Progress Public
KABUPATEN PATI
23 Dec 2021
0 ditandai
Alamat: Kabupaten/Kota kudus-pati, Kecamatan undaan-sukolilo, Kelurahan kalirejo-wegil Laporan: Kagem pak Ganjar engkang kawulo hormati kawulo Dwi saking Kudus, aslinipun kulo Pati. Sepindah kulo nyuwun pangapunten engkang katah, kawulo nyerat pesan teng FB meniko badhe nyampaiaken keluhan engkang kawulo kalian rencang2 raosaken wonten daerahe kulo, katah dump truck engkang lewat teng daerah kulo pak, muatanipun melebihi kapasitas, lajeng ngakibatke jalan rusak parah. Engkang paling meresahkan meniko dump truck engkang lewat mlampahe sak kepenake piambak, mlampah irih2 tur mboten purun berbagi jalan kalian pengguna jalan sanese, dados pengguna jalan sanese terutama mobil alit dipaksa mandap saking radosan. Nalikane dump truck bidal tasih kosongan mlampahipun banter2an pak. Ngeten niki beberapa pihak mawon engkang diuntungkan tapi katah masyarakat engkang dirugikan. Njih kulo nyerat niki nyuwun kebijakan kalian panjenengan perkawis keadaan meniko, menawi saget nyuwun jenengan survey teng daerah kulo pak, lebar jalan mboten sesuai standart,langkung sempit menawi di ngge simpangan kendaraan roda 4 terutma truck. Katahipun radosan cor mboten wonten bahu jalanipun, menawi mandap saking radosan njih mboten saget minggah malih. Sepunten engkang katah pak kulo nggersah kalian panjeneng, perkawis sampun mboten wonten engkang kulo lapori malih perkawis niki. Keadaan ngeten niki sampun mlampah langkung 2 tahun pak. Nyuwun tulung kebijakanipun pak Ganjar Pranowo selaku Gubernur Jateng, kawulo tenggo kabaripun saking panjenengan, matur suwun. Menawi ngersakne kontak kulo monggo kulo sertaaken nomer telp kalian WA, 082242191958 a/n Agus Dwi Susanto Lokasi TKP meniko jl.Sunan Prawoto mulai saking desa Sukolilo, Kedungwinong, Baleadi, Wegil, Prawoto, niku nderek kabupaten Pati. Engkang jl. Babalan prawoto meniko meliputi desa Kalirejo, Berugenjang. Menawi pak Ganjar ngersaaken kulo dados penunjuk jalan kulo siap pak, matur suwun sepuntene engkang katah.

Disposisi

Kamis, 23 Desember 2021 - 09:37 WIB

Admin Gubernuran

Laporan telah diteruskan ke DINAS PERHUBUNGAN

Verifikasi

Jumat, 24 Desember 2021 - 10:31 WIB

DINAS PERHUBUNGAN

akan kami tl

Progress

Jumat, 24 Desember 2021 - 10:32 WIB

DINAS PERHUBUNGAN

Terima Kasih atas Laporannya. Berkaitan dengan Truk muatan lebih yang melewati ruas jalan Prawoto, Sukolilo Pati Jalan tersebut merupakan Jalan Kabupaten. Kami akan berkoordinasi dengan Satlantas Polres Pati dan Dishub Pati untuk menyikapi Hal tersebut. suwun