Detail Aduan
Rincian Aduan : LGSM74519952
KABUPATEN GROBOGAN, 11 Sep 2020
Asslm. Wrb Sugeng siang bapak ganjar. Tepangaken kula M. Azis saking Wirosari Grobogan. Badhe ngudha rasa pak babagan pupuk. Samenika petani sami bingung saha angel pados pupuk pak awit katah petani ing desa kula dereng angsal kartu tani. Dados petani badhe tumbas pupuk ugi boten saget awit ngendhikanipun distributor/penjual pupuk/kelompok tani per september tumbas pupuk kedah kagungan kartu tani, kasunyatanipun para petani dereng kagungan kartu tani. Saha ginanipun lan lampahipun kartu tani menika katah ingkang dereng paham pak. Janipun petani menika wonten pupun regi pinten mawon purun pak numbas. Nggih mugi bapak ganjar saget biyantu para tani khususipun ing wilayah Grobogan anggenipun pados pupuk kersane gampil saha masyarakat ugi paham babagan program-program bab pertanian saking daerah utawi ugi saking provinsi. Matur nuwun bapak ???????? Salam rahayu ????????????????
Disposisi
Jumat, 11 September 2020 - 14:21 WIB
Admin Gubernuran
Verifikasi
Jumat, 11 September 2020 - 23:31 WIB
Kabupaten Grobogan
Progress
Jumat, 11 September 2020 - 23:32 WIB
Kabupaten Grobogan
Selesai
Jumat, 11 September 2020 - 23:33 WIB
Kabupaten Grobogan
Mohon dipahami pula bahwa alokasi pupuk bersubsidi di Grobogan lebih kecil dibanding permintaan. Pupuk urea hanya tersedia 74% dari permintaan. SP36 21% dan NPK hanya 45%. Oleh karena itu, apabila jatah alokasi di kelompok sudah habis, diharapkan membeli pupuk non subsidi sebagai gantinya yang saat ini sudah tersedia di KPL masing - masing. Terimakasih.